Lirikaz

Kusumo Layu - Niken Salindry ft. Akbar Syahalam

Lirik Lagu Kusumo Layu oleh Niken Salindry & Akbar Syahalam

Amung siro memaniking ati
Sang putri kusumaning dewi
Riko wus sumpah ing janji
Ing wanci wulan nendhenge ndadari

Ngrakit bebrayan tekaning pati
Ing rino kalawan ratri
Nanging siro nglincati janji
Gowo roso tresno sakjroning ati
Kapangku kang tanpo upomo
Ugo roso tresno sakjroning dodho
Siro wus ninggalake prasetyo
Urip bebarengan mung teko ono lamunan

Mergo riko wus gandeng asto priyo liyo
Anane gelo kuciwo kang sun roso
Amung esem guyumu kang katon ing netro
Kusuma layu luntur malelo

Macapat/Mocopat
Hanyarkoro cahyane mimbuhi
Kusumo ayu agawe wiwoho
Gandhes luwes sak solahe
Gandrung gandrung linuhung
Luruh rereh tan njuwarehi
Tinon saking tebihan
Lir sotya satuhu

Kapangku kang tanpo upomo
Ugo roso tresno sakjroning dodho
Siro wus ninggalake prasetyo
Urip bebarengan mung teko ono lamunan

Mergo riko wus gandeng asto priyo liyo
Anane gelo kuciwo kang sun roso
Amung esem guyumu kang katon ing netro
Kusuma layu luntur malelo

Mergo riko wus gandeng asto priyo liyo
Anane gelo kuciwo kang sun roso
Amung esem guyumu kang katon ing netro
Kusuma layu luntur malelo

Lilo aku lilo
Huu uu uu
Lilo aku lilo

Title : KUSUMO LAYU
Artist : NIKEN SALINDRY FEAT. AKBAR SYAHALAM
Songwriter :  DRU WENDRA WEDHATAMA & ADHIK AFWAN
Aranger : LILIK LAJU