Lirikaz

Modal Percoyo - Ndarboy Genk


Lirik Lagu Modal Percoyo oleh Ndarboy Genk


Tak akoni aku dudu pegawai negri
Kerjo bendino ora tau prei
Uripku neng dalan
Nganti apal gronjalan
Panas udan tetep nompo orderan

Penting sehat modal tekad ora tau sambat
Kadang akun ku gacor kadang rungkad
Kabeh dinggo panguripan ora perlu saingan
Rapeduli jabatan kabeh kekancan

Ra tau yang yangan
Update story malam mingguan
Masalah percintaan ora dadi beban
Rejeki lan jodo ora bakal kijolan

Modal percoyo usaha lan dongo
Wani montang manting
Nerjang pacoban sing teko
Niat makaryo ora neko neko
Menawi kerso kulo nyuwun bintang limo

Judul: Modal Percoyo
Pencipta: Daru Jaya a.k.a Ndarboy Genk
Music Production: Mabes Balker Record
Arr & Mixing Mastering: Julian Black or White