
Lirik Lagu Asmara Lereng Lawu oleh Arya Galih
Banyu kang tumetes nelesi bumiNggawa rasa kang ngreranta ati
Ngreranta ati kang sepi
Adheme dalan iki kang dadi seksi
Ing lerenging Lawu
Nggonku nunggu pawartamu
Duh, Nimas
Jejantunging atiku
Deresing banyu udan
Nerak raga kang kasmaran
Mega kang tumlawung
Ngrasakne wong nandhang wuyung
Wong Ayu, sira kembanging atiku Sang Dyah Ayu, jejampining tresnaku
Endi janjimu sing ra arep ninggalke aku?
Endi janjimu sing bakal setya satuhu?
Duh, Nimas, tresnaku mung kanggo sliramu
Kancanana nganti kukuting donya
Duh, Wong Manis, tresnaku iki mung siji
Mung kanggo memanik ing ati
Duh, Wong Manis, tresnaku ra bakal lalis
Sumpahing ati, ra bakal mblenjani
Song Title Asmara Lereng Lawu Song Writter by Arya Galih Singer Arya Galih Arrangement by AG Music Mixing & Mastering by HM MUSIC PRO PONOROGO