
Lirik Lagu Lamunan (Pindha Samudra Pasang Kang Tanpo Wangenan) oleh Era Syaqira
Sumribid angin ratri tansah hangantheniSetya nrajang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu duh yayi
Wong ayu age nyedhak a ing sandhingku
Nyawang manise esemmu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Wong ayu age nyedak a ngekep ragaku Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Sumribid angin ratri tansah hangantheni
Setya nrajang telenging ati
Karya : Wahyu F Giri Music : Nanang Kliwon