
Lirik Lagu "Lamunan" oleh Suliyana
Pindha samudra pasang kang tanpo wangenanTresnaku mring sliramu sayang
[Intro]
[Verse]
Sumribit angin ratri tansah angenteni
Setya najang telenging ati
Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu dhuh yayi
[Pre Chorus]
Wong bagus age nyedhak a ing sandhingku
Nyawang manising esemu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu sayangku
[Chorus]
Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
[Musik]
[Pre Chorus]
Wong Bagus age nyedhak a ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu dhuh sayangku
[Chorus]
Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Pindha samudra pasang kang tanpo wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyaning bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Songwritter : Wahyu F. Giri Penata Music by Wandra Restus1yan S.M ©️ 2024 Suliyana Official