Lirikaz

Tombo tresno - Wahyu f Giri feat Dyah anggraeni


Lirik Lagu "Tombo tresno" oleh Wahyu f Giri & Dyah anggraeni

Wanci ratri mung tansah tak kangeni,
Jroning nala mung tansah tak jaga..
Sliramu kembange ati,
Sing tansah tak tresnani,
Rina wengi mung tak anti-anti..

Rong taun suwe mangsa lawase,
Sumanding rasa klawan asmara..
Nyambung rasa tali tresna,
Gedhene coba kang ana,
Ikhlas ati sabar dilakoni..

Reff :
Wong ayu aja bimbang atimu,
Tresnaku mung kanggo sliramu..
Kuciwa tau tak songgo,
Bisa sirna merga ndika,
Tresnamu sing dadi usada..

Wong bagus bombong rasa atiku,
Keprungu apa isi atimu..
Bebrayan sing nate cidra,
Saiki kari cerita,
Katresnanmu sing dadi tamba..

Rong taun suwe mongso lawase,
Sumanding rasa klawan asmara..
Nyambung rasa tali tresna,
Gedhene coba kang ana,
Ikhlas ati sabar dilakoni..

Reff :
Wong ayu aja bimbang atimu,
Tresnaku mung kanggo sliramu..
Kuciwa tau tak songgo,
Bisa sirna merga ndika,
Tresnamu sing dadi usada..

Wong bagus bombong rasa atiku,
Keprungu apa isi atimu..
Bebrayan sing nate cidra,
Saiki kari cerita,
Katresnanmu sing dadi tamba..

Ft:
Ayo bareng padha memuji,
Tresna suci bisa langgeng tekane pati..
Ayo bareng padha memuji,
Tresna suci bisa langgeng tekane pati

Tombo tresno - Wahyu f Giri feat Dyah anggraeni
Karya : Maspoeg